Sarasehan Budoyo "Desa Tamantirto Menuju Desa Budaya"

Administrator 25 Oktober 2020 07:12:32 WIB

Sarasehan Budoyo
"Desa Tamantirto menuju desa budaya"
Narasumber dari dinas kebudayaan/kundho Budoyo kab Bantul.
Injih meniko pambudidoyo predikat Deso Budoyo ing pangajab samukawis kegiatan kabudayan saget nyerap dono keistimewaan,
kagem Sarono ngleluri kabudayan jowo.
Ngugemi Budaya Jawa Sithik Mbaka Sithik
Para nimpuna lan pamerdi budaya Jawa ngudhar gagasan ing sarasehan lan bawa rasa kanthi underan Balekna Jawaku,
jum'at (2/10/2020), ing Gedong Aula desa Tamantirto.
Bebrayan agung Jawa ing titi wanci iki jan-jane ing kahanan kadidene nglilir nalika budaya Jawa sansaya angslup lan kedheseg dening budaya manca.
Arupi Teknologi televisi, lan Internet dadi dalan mlebu kabudayan asing kasebut. Ora kabeh kabudayan asing ala, nanging wus bukti lamun kabudayan kasebut ndheseg lan nyingkirake budaya Jawa.
Karya seni budaya kethoprak, wayang purwa utawa wayang wong lan liyane sansaya kalah dening karya seni budaya saka manca.
Kepara tapsiran budaya Jawa kang adiluhung kaya ta gotong royong lan tepa selira saiki uga sansaya kasingkir, sansaya ilang.
”Wong Jawa saiki bisa diarani kelangan rasa ikhlas lan samubarang gawe ngemu pamrih.
Gelem mbiyantu liyan nanging mesti ngajab pituwas,” ujare Bpk Medi (kasi kesejahteraan) ing adicara sarasehan lan bawa rasa Balekno Jawaku ing Sarasehan kuwi diadani dening
Paguyuban dewan Budaya Desa Tamantirto.
Wong Jawa wus kelangan rasa tatag kang dadi landhesan mbangun bebrayan agung.
Mula, rasa tatag kasebut kudune didhedher lan dirumat maneh supaya thukul lan ngrembaka ing saben pribadi wong Jawa.
Wong Jawa ora patut rumangsa luwih cilik tinimbang bangsa liya.
Banjur kepriye supaya wong Jawa bali ngregem budayane maneh, ora rumangsa asor lan ora rumangsa dadi wong kuna nalika sapatemon lan sesandhingen kalawan budaya liya?
Cara gampang dhewe sing bisa dilakoni yaiku nyinau maneh lan bali maneh marang basa Jawa.
Miturut Pangarso budoyo generasi mudha Jawa apike diwajibake sinau basa Jawa.
”Basa Jawa diwulangake pawiyatan tataran SD nganti tataran SMA utawa universitas. Dadi bocah cilik nganti dewasa tepung lan dunung marang budayane dhewe,
ngugemi tata krama Jawa, ngerti marang tapsiran budi pekerti lan kesenian asumber budaya Jawa,” pratelane Rawuh.
Pasarta sarasehan, Siswadi, nelakake murih kupiya nyinau nyinau lan nresnani budaya Jawa kasebut bisa kawujud kanthi mantep luwih prayoga menawa sarasehan ngrembug Jawa lan budaya Jawa kuwi uga diadani tumrap para guru.
”Guru kuwi tepa tuladha ing jagat pamulangan. Lamun para guru nuduhake sikep lan tumindak kang temen-temen ngugemi budaya Jawa, para siswane mesthi bakal niru,” Bliyau mratelakake lamun ngrembug budaya Jawa pancen kudu nyakup para guru.
Nanging, miturut Suseno, kabeh warga bebrayan agung Jawa wiwit saiki kuwu tangi lan cancut taliwanda bali ngugemi budayane dhewe.
Sapa wae warga bebrayan agung Jawa kang duwe latar jembar, duwe omah amba, utawa duwe kapustakan ing omah, sakbisa-bisane kudu didayakake kanggo ngrembalake krenteg lan kupiya nyinau, ndhudhah lan ndayakake budaya Jawa.
Punjer pasinaon budaya Jawa kudu didhedher, didegake, ing ngendi wae, ora kudu ing sekolahan utawa pamulangan resmi.
Latar jembar, omah amba, kapustakan kuwi mau bisa didayakake kanggo ndhudhah tapsiran adiluhung ing maneka dolanan bocah asumber budaya Jawa. Bocah-bocah Jawa jaman saiki wus kelangan papan kanggo ngrembakake kapribaden lan ragane.
Para bocah kang gelem nglumpuk ing latar jembar, omah amba utawa kapustakan bisa ditepungake marang samubarang budaya Jawa kanthi cara dolanan.
”Kanthi cara ditepungake sithik mbaka sithik marang budaya Jawa, nanging kanthi cara ajeg, ing samengkone ing jiwane bocah-bocah kuwi bakal nabet tapsiran budaya Jawa kang adiluhung lan wusana bakal dicekeli
lan diugemi minangka pancatan nglakoni urip nganti dewasa,” piterange bpk dr kundho Budoyo.
Dipublikasikan oleh
Tim SID Tamantirto

Komentar atas Sarasehan Budoyo "Desa Tamantirto Menuju Desa Budaya"

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Komentar
Isikan kode Captcha di atas
 

Kalurahan Tamantirto

Facebook

facebook.com/tamantirto.sid

Audio

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Jumlah Pengunjung

Website desa ini berbasis Aplikasi Sistem Informasi Desa (SID) Berdaya yang diprakarsai dan dikembangkan oleh Combine Resource Institution sejak 2009 dengan merujuk pada Lisensi SID Berdaya. Isi website ini berada di bawah ketentuan yang diatur dalam Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 14 Tahun 2008 tentang Keterbukaan Informasi Publik dan Attribution-NonCommercial-NoDerivatives 4.0 International (CC BY-NC-ND 4.0) License